Sakelore Kali Lusi
sakelore kali lusi
ngedhangkrang wit randhu lan mahoni
atikah! atikah!
apa kowe wis tega ninggal tegal lan sawah
nyambut gawe ing negara mekah?
suket pancen wis padha garing
watu-watu wis padha gemlindhing
o, atikah, anakku
tak eklasne kowe ngrakit lagu
panguripan kang kebak madu
sakelore kali lusi
wis ora ana maneh sing ditanduri
sakelore kali lusi
alas jati mung arane kang peni
dudu darbeke si bibi
apa maneh kang arep dirungkebi
yen tlatah wutah getih ra nduweni yoni?
Jayabaya, 1996
Sumber: Antologi Puisi Jawa Modern Jawa Timur 1981-2008 (2011)
Karya: Suripan Sadi Hutomo
Biodata Suripan Sadi Hutomo:
- Suripan Sadi Hutomo lahir pada tanggal 5 Februari 1940 di Ngawen, Blora.
- Suripan Sadi Hutomo meninggal dunia pada tanggal 23 Februari 2001 di Surabaya.