Puisi: Saka Punjering Panguripan (Karya Suripan Sadi Hutomo)

Puisi: Saka Punjering Panguripan Karya: Suripan Sadi Hutomo
Saka Punjering Panguripan (1)


liwat sadhuwuring ayang-ayang
aku weruh glibeting si gatholoco
mlebu ronge si menco

liwat ing sandhuwuring ayang-ayang
aku krungu surake si jaka lodang
ngelemke sega wadhang

menyang ngendi paranku
menyang ngendi playuku
urut ilining banyu wudu


Saka Punjering Panguripan (2)


pandhom kang tansah mubeng seser
kaya dene klibate paser

gandewa kang manjing panah pusaka
kemelon ing dhuwuring iga

ya gene sliramu ora percaya
urip iki dudu ayang-ayang mega?


Saka Punjering Panguripan (3)


kasampurnan kang luwih sampurna
dununge ora na pasar bawera
uga ora na ing telenging kutha
kang mripat kaya watu kemlasa

dudu iki, dudu ika
awit ika lan iki
awit iki lan ika
: iki – ika, ika – iki

tampanana jiwa kang umop kaya
obyaking samodra
tampanana jiwa kang ngoyot kaya
banyu bune akasa

endhek dhuwure graita
ana ing slira

Surabaya, 31 Mei 1984

Sumber:  Antologi Puisi Jawa Modern Jawa Timur 1981-2008 (2011)

Puisi Saka Punjering Panguripan
Puisi: Saka Punjering Panguripan
Karya: Suripan Sadi Hutomo

Biodata Suripan Sadi Hutomo:
  1. Suripan Sadi Hutomo lahir pada tanggal 5 Februari 1940 di Ngawen, Blora.
  2. Suripan Sadi Hutomo meninggal dunia pada tanggal 23 Februari 2001 di Surabaya.

Anda mungkin menyukai postingan ini

  • Stanza BloraBegitu nafas tertumpuk di batuGelora jiwa memapah anganmuYang tegak di rel kereta tuaSia-sia mencari, sia-sia menyapaManila, 1982Analisis Puisi:Puisi "Stanza Blora" kar…
  • Ke BloraKe Blora ia akan pulangKe Blora ia akan memikul cendawanMenyusur kali lusi yang gersangDada dada montok kemiskinanTembang di bukit-bukit hutan jatiHidup pencuri sindir poli…
  • Pedhutpedhut ing setasiun leidenmunggah ing pucuk-pucuke cemarane atisi nonik mesem uluk salam kangen:- aja wedi,yen ditutup lawange atigusti bakal ngengakake jendhelane pethipedhu…
  • BukitBukit tanpa pohonan dan rumputanBukit gundul tanpa aspalSebuah danau penuh kurcaciSebuah kapal ada di laciSatu-satu tetes peluh dari pundakSatu-satu tubuh rebah tanpa gerakSer…
  • CurutCurut dan tikus, kremi dan cwimiSepiring nasi putihKita telah menulis panjang sekaliGugusan-gugusan kasihDaun apa-apa, ulat keket di srikayaSemut beriring rayap menyayat mataU…
  • Sebuah SungaiSebuah sungaiMengalir dalam diri kitaMengalir tanpa suaraPasang segera jalaIkut Sang SuryaDan ikan-ikanBakal turun ke muaraBernyanyi. BernyanyilahPasar di kota-kotaTel…
© 2025 Sepenuhnya. All rights reserved.